Search This Blog

Saturday, 25 December 2021

Panatacara Upacara Pangrukti Layon

Assalamu’alaikum Warohmatulloohi Wabarokatuuh.

Kawilujengan saha sih nugrahaning Gusti Ingkang Maha Asih mugi tansah kaparingna dhateng kula panjenengan sami.

Nuwun,

Sagung para rawuh kakung miwah putri ingkang dahat kinurmatan. Inggih awit saking pamundhutipun Bp. _________ saha para putra wayah, ingkang nembe nandhang duhkita awit kapedhotan tresna tinilar seda garwa kinasih inggih panjenenganipun Ibu _______, kula kadhawuhan ndherekan lampahing upacara pangruktining layon ing samangke. 


Langkung rumiyin sumangga sami ngunjukaken puja-puji syukur ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun marengaken kula panjenengan sami kempal manunggal wonten ing ngriki kanthi kawilujengan saha karaharjan.


Ing salajengipun keparenga kula ngaturaken menggah urut-urutaning acara ing samangke, inggih punika :

1. Pambuka

2. Atur Panuwun saking ahli waris ingkang badhe dipunslirani panjenenganipun Bp.________.

3. Atur Bela Sungkawa saking para rawuh ingkang badhe dipunslirani panjenenganipun Bp. _______

4. Panutup, kalajengaken donga saha pambidhaling layon tumuju pasarean ingkang badhe dipun pandhegani panjenenganipun Bapak Kaum Rois inggih panjenenganipun Bp._______

Makaten menggah urut-urutaning acara upacara pangruktining layon ing samangke.


Sagung para rawuh ingkang kula kurmati.

Inggih awit samudayanipun sampun samekta punapa dene wekdal ugi sampun dumugi pramila sumangga upacara enggal kawiwitan kanthi acara ingkang angka 1 : Pambuka. Minangka pambukaning upacara, sumangga kita nyenyuwun ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos kanthi cara miturut kapitadosan kita piyambak-piyambak, dene ingkang ngrasuk agami Islam, sumangga maos waosan Basmalah sesarengan kanthi kula dherekaken, sumangga : “ B i s m i l l a a h i r r o h m a a n i r r o h i i m “.  Matur nuwun mugi-mugi lampahing upacara saged kaleksanan kanthi rancag kalis ing rubeda.


Ing salajengipun acara angka 2 inggih punika : Atur Panuwun saking ahli waris ingkang badhe dipun slirani panjenenganipun Bp. _______. Dhumateng panjenenganipun Bp. _______ wekdal saha sasana wara kula aturaken, sumangga…


---------------------------------------


Matur nuwun dhumateng panjenganipun Bp. _______ ingkang sampun kepareng amakili para ahli waris ngaturaken atur panuwun dhumateng sagung pambela sungkawa sarta sanak kadang tangga tepalih ingkang sampun paring pambiyantu.

Dhungkap acara candhakipun inggih punika : Atur bela sungkawa saking para rawuh ingkang badhe dipunslirani panjenenganipun Bp. _______. Ingkang punika wekdal saha sasana wara kula aturaken dhumateng panjenenganipun Bp. _______, sumangga…


----------------------------------------


Matur nuwun dhumateng panjenganipun Bp. _______ ingkang sampun kepareng amakili para rawuh, ngaturaken atur bela sungkawa dhumateng para ahli waris.


Dhungkap pungkasaning upacara, inggih punika : Panutup, ingkang kalajengaken donga saha pambidhaling layon ingkang badhe dipun pandhegani panjenenganipun Bp._______ inggih Bapak Kaum Rois Ing dusun ngriki. Tumrap anggen kula ngayahi jejibahan ndherekaken lampahing upacara, mbokbilih wonten atur ingkang kirang mranani penggalih panjenengan, kula nyuwun lumunturing sih pangaksami. 


Ing wasana minangka panutuping upacara, sumangga kita ngaturaken puja-puji syukur ing ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung kanthi cara miturut agami kita piyambak-piyambak, dene ingkang ngrasuk agami Islam sumangga sesarengan maos waosan Hamdalah kanthi kula dherekaken : 

“A l h a m d u l i l l a a h i r o b b i l ‘ a l a m i i n ”. 

Salajengipun wekdal kula aturaken dhumateng Bapak Kaum Rois inggih Bapak. _______.

Nuwun.

Wassalamu’alaikum warohmatulloohi wa barokatuuh.


No comments:

Post a Comment