Search This Blog

Monday, 22 October 2018

Mijil Wigaringtyas



duh biyung mban wayah opo iki
rembulan wus ngayom
ing gegono trang abyor lintang
titi sonyo puspito kasilir
maruto ris kengis sumrik gandahnyorum

**
kados gusti sampun tengah ratri
pandugi ning batos
iyo kok durung rawuh mrene
gusti kakung ratu ning wong sigit
opo cidro janji duro mring wak ingsun

***
opo saking katuron gung arip
karepe maleyat
eman eman wong bagus rupane
teko darbe tekad minggrang minggring
mongko sun labuhi nadyan prapteng lampus