Sanggar Karawitan Puspa Nayaga. Gamping Lor RT 05 RW 12 Ambarketawang Gamping Sleman Jogjakarta.
Search This Blog
Monday, 28 May 2018
Monday, 21 May 2018
Sinom Parijotho
Sinom Parijotho
Nulodo Laku Utomo
Tumapring Wong Tanah Jawi
Wong Agung Ing Ngeksigondo
Panembahan Senopati Kepati Maharsudi
Sudaning Howo Lan Nepsu
Pinepsu Topo Broto
Tanapi Ing Siyang Ratri
Amemangun Karyanak tyas ing sasomo
Samangsane Pasamuwan
Memangun Marto Martani
Sinambi Ing Saben Mongso
Kolo Kalaning Asepi Lelono Teki teki
Ngayuh Geyonganing Kayun
Kayungyun Ening Ing Tyas
Sanityaso pi Mrihatin
Pungguh Panggah Cegah
Dahar lawan Nendro
Senggakan
sumber senggakan
Monday, 14 May 2018
Aja Lamis
Ojo Lamis
Ojo sok gampang
janji wong manis
yen to amung lamis
Becik aluwung prasojo nimas
ora agawe cuwo
Tansah ngugemi
tresnamu wingi
jebul amung lamis
koyo ngenteni thukuling jamur
ing mongso ketigo
Aku iki prasasat
loro tan antuk jampi
mbok ojo amung lamis
kang uwis dadine banjur didis
Akeh tulodo kang demen cidro
Uripe rekoso
milih sawiji ngendi kang suci
tanggung biso mukti
Monday, 7 May 2018
Nyidam Sari
Nyidam Sari
Bowo (Dhandhanggula):
Dhuh wong ayu pepujaning ati
Kayo ngene wong nandhang asmara
Apata awakku dhewe
Dhuh Dewa jawata gung
Welasa mring awak mami
Besuk kapan katekan
Jejer lan wong ayu
Umpakmakna nahkodha
Tanpa prau sasadara den pepetri
Nyidam sari asmara
Langgam:
Umpama sliramu sekar melati
Aku kumbang nyidamsari
Umpama sliramu margi
Aku kang bakal ngliwati
Sineksen lintange luku semana
Janji prasetyane ati
Tansah kumanthil ing netra rinasa
Karasa rasane ndriya
Midera sajagad raya
Kalingana wukir lan samodra
Ora ilang memanise adhuh
Dadi ati salawase
Nalikanira ing dalu atiku
Lam-lamen sira wong ayu
Nganti mati ora bakal lali
Lha kae lintange mlaku
Subscribe to:
Posts (Atom)