Search This Blog

Monday, 30 April 2018

Setyo Tuhu


Setyo Tuhu

Pamintaku nimas sido asih
Atut runtut tansah reruntungan
Ing sarino sawengine
Datan kenggang sak rambut
Lamun adoh caketing ati
Yen cedhak tansah mulat
Sido asih tuhu
Pindho mimi lan mintuno
Yo nimas barengan netepi wajib
Sido asih bebrayan

Aku kang setyo satuhu
Wit biyen, dadi saiki
Bebasane, peteng kepapak obor sumunar

Andhiko pangayomanku
Lahir batinku wus noto
Mung sajake andhiko semune kurang reno

Tondho yekti paseksene rikalane
Ngangkat awrat, mlampah tebih datan lesu
(mugi rahayuo)

Mugyantuk berkahing widi
Andhiko mung tansah limpat
Payuwunku sedyo-o tansah anglam-lami

Monday, 23 April 2018

Yen Ing Tawang Ana Lintang





Yen Ing Tawang


Bawa Sinom:

Yen ing tawang ana lintang
Cah ayu aku ngenteni
Marang mega ing akasa
Sun takon wartane reki
Janji janji ku eling
Sumedot rasane tyas ingsun
Nimas ingsun mersapa
Sineksen bumi langit
Tangising tyas ngenteni padang rembulan

Langgam:

Yen ing tawang ana lintang cah ayu
Aku ngenteni tekamu
Marang mega ing angkasa nimas
Sun takokke pawartamu

Janji janji aku eling cah ayu
Sumedhot rasaning ati
Lintang lintang ngiwi iwi nimas
Tresnaku sundul wiyati

Dhek semana janjiku disekseni
Mega kartika kairing rasa tresna asih
Yeng ing tawang ana lintang cah ayu
Rungokna tangising ati
Binarung swaraning ratri nimas
Ngenteni mbulan ndadari

Monday, 16 April 2018

Pucung Wuyung



Pucung Wuyung

Katresnanku tumanem sakjroning kalbu
Datan mulat warna saya tuwuh jroning ati
Lamun welas Ndiko paringa usada

Monday, 9 April 2018

Ketawang Kadhung Tresna



Kadhung Tresna


Lamat wus katon tejane yen mbombrong katon mencrong
Adhuh wiragane sinawang tan amboseni
yen mboseni yen mbesengut
wimbuh patut nyata jatmika mrak ati 
Adhuh
Lestariya lan lila pisah serema
Nadyan bebasane kelingan godhong sak lembar
Nimas
Kaya wus koncatan rasa sengseming atiku
Pacakane sarwa asri jro batinku tansah kuwur
Eman
Wus lumayan amung nimas para ningsih